Logo Bacabuku
Warisane Simbah; Nguri-uri Basa, Sastra lan Kawruh Basa  (edisi Jawa Krama)

Warisane Simbah; Nguri-uri Basa, Sastra lan Kawruh Basa (edisi Jawa Krama)

Eko Joko Trihadmono
Ebook

Sinopsis ebook

PURWAKA K ula angaturaken syukur Alhamdulillah wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring barokah lan inayah anggen kula ngempalaken cathetancathetan ngantos dados buku menika Semanten ugi para kanca dwija ing SMK Negeri 8 Surakarta ingkang tansah maringi grengseng semangat udhu panemu dhateng kula supados enggal rampung damel buku menika Buku menika minangka wujud darma lan bekti kula dhateng dwija kula Suwargi Ki Suyud BA rikala semanten maringi piwulang saha pitedah dhateng kula lajeng kula serat ing buku pribadi kangge sangu mucal basa Jawi ing SMK Negeri 8 Surakarta Lan nembe wekdal sakmenika cathetan cathetan kalawau kula kempalaken dados buku menika Tundonipun kula ingkang piniji nglajengaken mucal Basa Jawi ing SMK Negeri 8 Surakarta SMKI wiwit taun 1995 ngantos sakmenika Mugi Gusti Allah Kang Akarya Jagat paring lelintu ganjaran kasuwargan jati dhateng Suwargi Ki Suyud BA Amin Sanadyan namung sapala saha taksih kirang saking kasampurnan mugi mugi mupangati dhateng bebrayan sutresna basa lan budaya Jawi Purnaning atur kula sedaya panyaruwe lan pangalembana kula sumanggakaken dateng para pametri basa lan budaya Jawi Nuwun Surakarta Agustus 2017 Pangimpun Warisane Simbah iii

Detail Buku

Jumlah Halaman 128
Kategori Pendidikan
Penerbit CV. Pustaka MediaGuru
Tahun Terbit 2017
ISBN 978-602-5639-16-6
eISBN proses
Warisane Simbah; Nguri-uri Basa, Sastra lan Kawruh Basa  (edisi Jawa Krama)

Warisane Simbah; Nguri-uri Basa, Sastra lan Kawruh Basa (edisi Jawa Krama)

Eko Joko Trihadmono