Sinopsis Buku: Buku ini merupakan kumpulan 1001 patah kata dalam bahasa Jawa yang memiliki makna dan pesan moral yang dalam. Setiap patah kata disusun dalam bentuk frasa singkat, namun mengandung makna luas yang bisa diartikan berdasarkan konteks dan pengalaman hidup masyarakat Jawa. Buku ini berisi berbagai patah kata yang terdiri dari berbagai tema, seperti etika, sikap hidup, hubungan sosial, dan kehidupan sehari-hari. Patah kata-patah kata dalam buku ini tidak hanya berfungsi sebagai perumpamaan, tetapi juga sebagai pelajaran hidup yang bisa dijadikan pedoman dalam berperilaku dan berkomunikasi dalam masyarakat Jawa. Buku ini sangat cocok sebagai referensi bagi pembaca yang ingin memahami lebih dalam tentang budaya, bahasa, dan nilai-nilai kehidupan dalam tradisi Jawa. Dengan bahasa yang sederhana dan makna yang mendalam, buku ini menjadi sarana untuk menjaga dan melestarikan bahasa dan budaya Jawa yang kaya akan makna dan kearifan lokal.
Unen unen ana ing basa Jawa iku dumadi saka maneka warna ana sing awujud bebasan ana sing awujud paribasan lan ana sing awujud saloka utawa unen unen liyane sing tinemu ana ing paguneman ing masarakat Jawa Unen unen iku ana sing duwe teges entar kias mawa gegambaran kewan barang kahanan sing digambarake iku sipate uwong Ana uga unen unen sing ajeg panganggone mawa gegambaran utawa pepindhan kewan barang utawa kahanan sing dipindhakake wonge lan tembunge sing dadi pepindhan dumunung ana ing ngarep ukara utawa dadi lajer Unen unen basa Jawa nggambarake sipat watak kahananwong Jawa urip bebrayan ing masarakat Jawa Kanthi nyinau unen unen bakal saya ngerti kepriye wewatekane kanca sing saben saben kita adhepi tangga teparo sing saben dina kita srawungi malah kanthi nyinau unen unen banjur dadi saya ngerti gegambaran watak wantu lan sesipatanne sedulur sedulur lan kulawarga kita Mangerteni endi sing watak sing digambarake becik lan endi watak sing gambarake ala Kanthi mangkono kita misa milih lan milah wewatekan sing becik kang kudu kita tndakake kanggo tepa palupi marang sapa wae nalikane kudu urip bebarengan ing kulawarga masarakat bangsa lan nagara Dayaning pamilah lan pamilihing unen unen kang becik kang wis dijumbuhake karo sing arep nglakoni mau njalari wong mau ngerti ing tata krama lan budi pakerti Wong kang budi pakertining ing masarakat becik wis mesthi yen entuk ati ing masarakat Kanthi mangkono nyinau unen unen nyebabake wong kajen lan dikurmati ing masarakat Dikurmati ora mung perkara drajat pangkat lan kalungguhan nanging dikurmati jalaran bisa dadi wong bisa rumangsa bisa gawe reseping ati lan ngepakake rasa marang wong liya tansah nglungguhake dhiri pribadi kanthi prenah lan mapan tansah ngugemi kasusialan tansah andhap asor lan urmat Wasana kanthi kersa nyinau unen unen Jawa ndadekake pribadi kang tansah bisa mbangun masarakat kang tata titi tentrem karta raharja Saengga apa kang ginayuh tansah jumbuh apa kang kaesthi tansah pinuji samarga marga tansah nyandhung cempaka mulaya sawanciwanci tansah manggihi melathi suci
Jumlah Halaman | 84 |
---|---|
Kategori | Muatan Lokal |
Penerbit | Gava Media |
Tahun Terbit | 2012 |
ISBN | 978-602-8545-68-6 |
eISBN |