Sinopsis Buku: Buku ini membawa pembaca dalam perjalanan mendalam ke dunia seni budaya Jawa yang kaya akan makna dan nilai-nilai kehidupan. Dalam bab-babnya, buku ini mengupas berbagai aspek penting dalam kehidupan budaya Jawa, mulai dari cara berbicara yang sopan dan sesuai dengan konteks, hingga upacara adat yang khas dan penuh makna. Buku ini tidak hanya berisi penjelasan tentang bahasa dan sastra Jawa, tetapi juga menggambarkan peran penting para pranata adicara, juru pamedhar sabda, dan para guru dalam melestarikan dan mengembangkan budaya Jawa. Dengan bahasa yang santun dan penuh makna, buku ini menjadi panduan yang bermanfaat bagi siapa pun yang ingin memahami dan menghargai warisan budaya Jawa yang luar biasa.
BAB I WIGATOSING SESORAH ING MADYANING BEBRAYAN AGUNG A Sabdagati Wicara Nuwun para sutresna budaya ingkang tansah sinawung ing pakurmatan Dumugi dinten menika gelarang kabudayan warisaning aluhur sanyata taksih ngrembuyung lan ngrembaka katitik taksih lestantunipun pasamuwan dalasan pawiwahan ingkang ngginakaken basa Jawi Saktebih tebihipun tetiyang kabekta kemajenganing modernisasi ananging tamtu kondur dhumateng kabudayanipun paling mboten nalika dumugining wanci palakrama Penganten lan para parampara ing pawiwahan palakrami tartamtu ngrasuk busana cara adat reroncening rerenggan adicara saha para pamedhar sabda ugi ngginakaken basa Jawi Menawi mekaten pamedhar sabda menika dados suluh agung ing madyaning bebrayan Ing sadhengah papan para priyagung ingkang kapatah medhar sabda tansah mbabar maneka warni kawruh Sedaya wewulang ingkang kawedhar lajeng tumanem ing telenging sanubari para pamirsa lan pamiyarsa Jejeripun juru pamedhar sabda saged winastan guru ingkang pantes dipun gugu lan dipun tiru Pramila juru pamedhar sabda ugi katelah sesepuh miwah pinisepuh Amargi menggahing tiyang kathah pamedhar sabda menika sayektos tikel matikel sangunipun Kawruh agaminipun mitayani tata basanipun genep tata sastranipun jangkep Ulah kridhaning seni budaya sarwi mumpuni Tata susilanipun damel nuju prana Boten mokal menawi pasrawunganipun jembar Ing pundi kemawon panggenanipun kuwawi nuwuhaken pribadi ingkang kawentar Pramila mekaten ancasipun sesorah menika medharaken pemanggih ing sangajengipun tiyang kathah Wujudipun sesorah saged arupi atur pranata cara pambagya harja tanggab wacana saha medhar sabda sawijining irah irahan Bab ingkang wigatos nalika sesorah inggih menika Basa lan sastra Basanipun tiyang sesorah kedah laras kaliyan ingkang dipun adhepi lan swasananipun Menawi ingkang dipun adhepi para pinisepuh 7
Jumlah Halaman | 133 |
---|---|
Kategori | Bahasa Dan Sastra |
Penerbit | Elmatera |
Tahun Terbit | 2018 |
ISBN | 978-602-6549-66-2 |
eISBN |